𝐒𝐮𝐫𝐚𝐤𝐚𝐫𝐭𝐚, 𝐦𝐞𝐝𝐢𝐚𝐫𝐞𝐚𝐥𝐢𝐭𝐚𝐧𝐞𝐰𝐬.𝐜𝐨𝐦 – 15 Juni 2026 Mapan ing madyaning sasi Juni niki, umat Islam saha bebrayan agung Jawi badhe mapag dhumateng rawhipun warsa enggal Islam, 1 Muharram utawi ingkang asring sinebat dipun-uri-uri minangka Malem 1 Suro. Guna mapag dinten ingkang sakral lan kebak berkah kasebat, Pemimpin Umum Media Realita News, KRT Ardhi Solehudin SH, M.Kom, mratelakaken raos suka syukur saha suka bagya ingkang ageng.
Miyosseratan resminipun, KRT Ardhi Solehudin SH, M.Kom, sesarengan kaliyan sedaya jajaran redaksi, wartawan, saha staf perusahaan Media Realita News ngaturaken pambagya sugeng mapag Malem 1 Suro dhumateng sedaya lapisan masarakat, mliginipun para pamaos setia Media Realita News.
"Wonten ing madyaning malem ingkang kebak keheningan lan donga niki, kula minangka titah sawantah saha sakulawarga ageng Media Realita News ngaturaken Sugeng Tanggap Warsa Enggal 1 Suro. Mugi-mugi ing warsa enggal menika, Gusti Ingkang Maha Agung tansah ngluberaken berkah, kawilujengan, lan kasantosan kagem kita sedaya," pratelanipun KRT Ardhi Solehudin.
KRT Ardhi Solehudin ugi nambahaken bilih momentum 1 Suro menika boten namung dados pepenget gantosipun taun, nanging ugi dados sarana kagem muhasabah diri (mawas dhiri) ngenani menapa ingkang sampun dipunlampahi ing taun kapengker, sarta ngrancang jangkah ingkang langkung sae ing wektu badhe dhateng.
Minangka salah satunggalipun pimpinan media masssa, piyambakipun gadhah pangajab ageng supados Media Realita News saged terus istiqomah dados pepadhang tumrap masarakat, tansah nyawisaken pawarta ingkang leres (realita), mupangati, sarta saged njagi integritas lan paseduluran ingkang rukun.
"Mugi-mugi Gusti Ingkang Maha Kuasa tansah maringi pitedah, kelancaran, saha kabaronkah wonten ing saben jangkah lan pakaryan ingkang kita lampahi. Swasana rukun, aman, lan tentrem mugi tansah rumesep ing sanubari kita sedaya. Sugeng mapag warsa enggal, salam taklim saking kula sakulawarga ageng Media Realita News," pungkasipun KRT Ardhi Solehudin SH, M.Kom kanthi kebak pangajab sae.
(Red)
.jpg)