Sugeng Pengetan Malam Tasyakuran HUT RI kaping-81 dening Kanjeng Raden Tumenggung Ardhi Solehudin Wartodipuro, SH., M.Kom.

Surakarta, mediarealitanews com - 17 Agustus 2026 Kangge mahargya lan ngalap berkah ing wektu pengetan Dinten Kamardikan Republik Indonesia ingkang kaping-81, Abdi Dalem Karaton Surakarta Hadiningrat, Kanjeng Raden Tumenggung (KRT) Ardhi Solehudin Wartodipuro, SH., M.Kom., ngawontenaken adicara Malam Tasyakuran kanthi khidmat lan kebak rasa syukur.


​Adicara punika minangka wujud tengran rasa sih katresnan dhateng nagari sarta tansah njagi spirit kebangsaan lan kebudayaan ingkang dipuntuntun dening piwucal luhur Karaton Surakarta Hadiningrat. Sesuai kalayan serat Nawala Kakangcingan saking Ingkang Sinoehoen Kangdjeng Soesoehoenan Pakoe Boewono XIII, KRT Ardhi Solehudin tansah setya tuhu ngabdi dhateng nagari lan nguri-uri kabudayan Jawi.


​Wonten ing kalodhangan punika, panjenengane ngaturaken puji syukur wonten ngarsa Gusti Ingkang Maha Kuosio, sarta paring pangarep-arep supados bangsa Indonesia tansah pinaringan katentreman, keslametan, lan kemajuan ingkang berkahe saged dipunrasakaken dening sedaya kawula.


​"Pengetan kemardikan punika boten namung sekedar seremonial, nanging minangka momentum kangge kita sedaya ngenget-enget jasa para pahlawan sarta nyawiji ing salebeting rerangkening budaya ingkang luhur," aturipun.


​Adicara malam tasyakuran punika kaleksanan kanthi lancar lan tinutup kanthi doa sesarengan kangge keslametan bangsa lan nagari Republik Indonesia.

(Red/KRT)